Ini cekak gue bikin sendiri dan hasilnya.. Maaf kalo jelek :) Oke Hehe ^^
Ora Sida Ngedance
Wulan Maret, sawise
Ulangan Tengah Semester OSIS SMP 1 Ajibarang ngadakna classmeeting. Kabeh kelas
diwajibna ken melu kabeh, ora ana sing ora melu. Lombane macem-macem ana lomba
joged kursi, lomba nyanyi, voli, bal-balan, bakyak lan esih akeh liane. Kelas
VIII A, kelase nyong kabeh lomba dimeluni, kecuali siji yaiku lomba nge-dance
utawa nari. Nanging, VIII A akeh menange daripada kalahe.
Dina keloro bar
pengumuman classmeeting, kelase nyong nyiapna apa bae sing diperlukan. Lomba
bal-balan sing agep melu sapa bae, lomba voli sapa, lomba nyanyi sapa, ngantek
ketua kelase nyong bingung arep kepriben, sebab lombane akeh retung.
Bocah lanangan kelase
nyong kuwe pada ganteng, gagah ya walaupun ana sing klemer-klemer kaya wadon.
Bocah wadonane pada ayu-ayu, ana sing crewet, ana sing kalem, sifate pada
beda-beda kabeh. Tapi nyong seneng dadi bocah neng kelas VIII A sebabe bocahe
asik-asik lan kompak, kadang-kadang sih.
Lomba neng classmeeting
sing paling dienten-enteni pasti bal-balan utawa futsal. Sing lanangan pada
main, sing wadon dadi suporter. Trus pada metu kabeh bocahane, ora ana sing
neng njero kelas. Classmeeting pas iku ana lomba sing jarang dianakna yaiu
nge-dance utawa nari. Apamaning pas kuwe lagi hebohe boyband Korea sing jenenge
EXO.
Kelas VIII A wis nyiapna sapa
bae sing arep melu lomba nge-dance utawa nari iku, yaiku kabeh bocah wadon
sekelas, lanangane malah pada ora gelem melu. Kelase nyong pertamane milih
lagune EXO sing lagi heboh kuwe. Ana formasi gerakan sing salah siji bocah
turuan erus sikile diadegna maring nduwur, terus ana bocah ngadeg neng nduwur
sikile bocah sing turun kambi tangane mbentuk huruf. Tapi, pas njejal gerakane
kaya neng video klipe, jebulane angel banget. Akhire ora sida nganggo gerakan
kuwe lan ora sida nganggo lagu EXO soale akeh sing ora seneng.
Akhire pada nggolet lagu
sing kirane pas nggo nge-dance lan angger digawe gerakane ora angel. Pas kuwe
nyong mikir karo Azka batir sing njagong sebangku karo nyong. Nyong karo Azka
nggoleti lagu neng hpne nyong. Eh, nemu lagu sing judule “Love Me”. Pertamane
gawe gerakan mandan bingung, tapi ijig-ijig Azka nemu gerakan. Terus kabehan
pada mikir juga gerakane kepriben. Akhire ya ketemu gerakan-gerakan sing
gampang lan pas karo lagune.
Terus ana sing duwe
pikiran, nge-dancese selagu tapi selagu kuwe ana pirang lagu, dadi
digabung-gabung. Sawise kuwe ana bocah maning sing nidokna video latihan cara
nari lagu One Derection sing judule “What makes you beautiful”. Terus video
kuwe disetel, bocahan padha ndelengna terus padha njejal gerakane tut siji.
Angel pertamane njejal gerakane soale esih njejal-njejal urung ana niatan.
Mbarang nyong mandan bisa gerakane, bocahan pada njaluk warah. Syukur pada bisa
soale latian terus.
Ana sing duwe usul maning
lagune ana lagu dangdute, ken mandan sreg akhire nganggo lagu “Oplosan”.
Mbarang wis nentukna lagune yaiku telu kuwe terus didadikna siji. Tapi bocah
sekelas ora ana sing bisa nggabungna pirang lagu dadi siji. Bocah sing jenenge
Fadhel jere teyeng, mayan ora geelm nganukna. Akhire nyong karo Mei nggolet
bocah sekang kelas liya sing bisa nggabungna. Tapi nyong karo Mei malah njaluk
aplikasine tok. Mbarang wis njaluk langsung njejal ngotak-ngatik. Alhamdulillah
dadi.
Mbarang wis dadi selagu,
kabehan pada seneng, terus latian. Gerakane urung apal banget, dadine ya
diulang-ulang. Tapi sing gawe bingung pas latihan kuwe neng kelas langka spiker
dadi ora teyeng latian sepenuhe sebabe ya kuwe lagune ora krungu angger kur
disetel neng hp. Pas lagi padha istirahat, nyong karo Mei, bocah sing cerewet
njejal kelas sing ana spikere, bisa nyetel apa ora. Jebulane kabeh kelas sing
nyong karo Mei jejal ora teyeng kabeh. Mbuh flashdise sing bodol apa spikere.
Akhire ya latiane nganggo hp. Kabeh bocah padha meneng, dadine lagune krungu.
Wis sekitar seminggu
kelase nyong padha latian serius, wektu lombane teka. Kabehan padha nganggo
klambi karo kathok sing di rempug sedurunge. Kabeh padha ayu-ayu banget.
Sedurunge maju diceluk, padha latihan dingin karo ngompakna gerakane supaya pas
maju ora mubyar kabehan. Sawise latihan, nyong takon maring OSIS, kelas VIII A
majune kapan. Jere majune dela maning. Mbarang diceluk, langsung padha maju, nyetel
lagune ngnggo hp udu laptop. Pas sicolokna maring salon jebulane ora moni.
Padahal kabeh wis padha maju baris gawe barisan neng tengah lapangan. Akhire
diganti dingin karo kelas liane. Bocahan padha ngrasa isin sebab wis maju malah
ora sida.
Gara-gara ana sing isin,
trus ana juga sing wis kudu bali karo bapak ibune, akhire kelas VIII A ora sida
tampil nari utawa nge-dance. Tapi, latian nge-dance kuwe ora gadang tek
klalena, sebabe kabehan bocah melu nari, bareng-bareng. Ya iya sih akhire ora
maju tampil, tapi ora papa esih ana dina ngesuk.
Selesai
Tidak ada komentar:
Posting Komentar